Kamis, 31 Oktober 2013

Katresnan

Katresnan Ukoro Jowo

Katresnan

Katresnan iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso digawe nanging ora biso digawe-gawe
Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Katresnan iku larang regane ora biso dituku
Lan ditiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang gogrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Katresnan iku prayata umur tuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip...